Mungkin emang bener, kabeh iso teko gur mergo ‘kulino’.
Kulino digatekne, diperhatikan, akhire tumbuh rasa sayang. Kulino digawe
kecewa, ujung-ujunge timbul kebencian. Yo kui ngopo adewe kudu pinter
milih-milih opowae seg patut dibiasakne lan seg ora patut dibiasakne neng uripe
adewe. Opo sing oleh diharapke, opo seg kudu dilalekne-sadurunge kui dadi hal
seg iso nglarani lan bahkan mungkin raiso dilalekne.
Dadine kelak adewe raperlu ngalami seg jenenge terlalu
nyayangi utowo terlalu sengit (benci) mbe seseorang atau sesuatu. Karena
apapun, entah kui manusia utowo benda, entah benci utowo tresno, kabeh rasa kui
iso seketika disapu angin lan ilang kegowo wektu.
Mergo kudu berdiri sendiri ben dadi seg ngeling-eling
sakabehe kui nggawe lara. Rasane koyo, ketok kemplu saben ngaca. Koyo ngangeni
hal seg pernah ono, tapi gur iso dieling-eling dewean. Raono wong seg iso
ditakoni, heee eling rak mbiyen adewe
ngene iki, pas mbiyen adewe ngono, pas mbiyen adewe lungo rono, pas adewe
akhire teko neng kene. Eling kah?
Nggo opo sesuatu seg iso dieling-eling, nek adewe gur iso
ngeling-eling dewe?
Lungo dewean tanpo nemoni sak uwong pun? Opo seg iso
dieling-eling? Mencintai seorang diri dan tidak menuju kemana pun? Apa yang
bisa didapat?
***
Mergo saat adewe jatuh cinta, adewe bakale mengamini
kalimat: If you remember me, then I don’t
care if everyone else forgets.
Tapi piye nek misale, de’e tiba-tiba rapengen meneh eling
kowe?
Piye nek misale, de’e tiba-tiba bertingkah koyo-koyo kowe
rapernah ono neng uripe?
Opomeneh kowe pun, wes bacut dilalekne wong liyone seg
pernah nyayangi kowe?
Mungkin emang bener, kabeh iso ilang gur mergo kulino.
Kulino meneng, dadi saling nglalekne.
Mugo wae kui bener.
Mugo suatu saat bakale teko wayahe aku nglalekne kowe
sepenuhnya.