Sing jenenge move on kui salah siji tindakan sing ketoke
guampang dilakoni, ning nyatane? Angeeeeel -..- Ora kabeh wong iso nglakoni kui
dengan gampangnya. Proses kanggo muv on yo bervariasi koyo alat kosmetik haha..
ono sing seminggu trus iso move on, sesasi, rong sasi, setaun, bahkan sak lusin
(hloh). Tapi yo ono lho, sing lagi wae pedot njuk trus iso move on begitu
saja.. ono~
Koyo bahasa mandarin sing mulai akeh nyinaoni, aku ngroso
sing jenenge move on kui yo perlu lho dipelajari. Nah makane kui, nyoooh
tutorial ben kowe kowe iso move on..
- Ngungkapne uneg-unegNah move on kui angel terwujud mergo biasane ono hal-hal sing ngganjel, makane uneg-uneg kui mau mending diungkapne wae, secara kekeluargaan lhoya rasa secara pidana (uopoooh). Carane ngungkapke uneg-uneg kui yo uakeeeeh, tergantung kreativitasmu, meh gawe puisi, nulis neg tembok, mejo/bangku kampus monggo… sing jelas ojo koyo marshanda, mengko kowe malah tenar mlebu acara inpotaimen, trus kowe dadi artis, trus akeh fans e, trus kowe iso move on (ahsudahlah).Intineee, ngomong wae langsung tentang uneg-unegmu neng wonge, orapopo rasah pekewuh :D nek emang sih sayang yo ngomong sayang, dadi kan wonge reti opo seg mbok rasakne. Mbuh bakale loro opo orak, kuwi bakale nggowo kowe neng hal/keadaan sing luwih apik kok.
- Ojo SengitSopo sing ngomong dengan kowe nyengiti wong sing pengen mbok move-oni, kowe bakale bakale gampang iso move on? Ngacuung haha. Tak andani ya, nek kowe pengen move on kui ojo sengit marang de’e. dijamin kowe raiso move on. Ngandel ra ngandel karepmu haha.Sing jenenge pembenci kuwi sejatine penggemar nomer siji. Soale dengan kowe sengit mbe de’e, kowe malah kesel-kesel mikirne de’e tur yo kadang malah kowe duwe niatan arep bales dendam mbe de’e (yo pora? nek iyo, melet sek haha)
Conto ya, conto… misale kowe anyel mbe sebuah artikel neng suatu blog, nah trus mergo kowe anyel, sengit mbe artikel kui mau kowe trus ngomentari artikel kui ng twitter lank owe nyertakne link e. hlakui lak podowae kowe ngeshare artikel kui lan nggawe blog kui tambah akeh seg ngunjungi kan. yopora? Wes kuwi. - Ojo Ngontak-Ngontak Sek
Lhayo jenenge pengen move on to, ono apik e nek kowe ora kontak-kontakan sek. “ta ta tapi angel eee, aku kangen mbe de e”. ya ditahan to mas mbak.. pengen mope on kan? mandeg greg nyet angel, tapi iso lah nek ngurangi frekuensine syeek. - Golek Kesibukan (ojo sok sibuk tapi)
Nah cara iki biasane sukses, menyibukkan diri. Peh judule menyibukkan diri, hyo ojo terus menyibukkan diri ngestalk wonge -_- podowae wah. Kowe iso nyibukke diri dengan kegiatan-kegiatan seg anyar or ningkatke kegiatanmu biasane gen luweh asik. Nek kowe sibuk, kowe bakale jarang mikirne wonge, yo pora?. Nek kowe bingung meh sibuk ngopo, nyoh tak tawari pilihan haha.. kowe iso mocomoco buku utowo novel, seg galo galo yorapopo wkwk.. browsing internet, bukakbukak blogku iki ben wawasanmu tambah (duh promo). Nah nek skill mu wes tambah, peluangmu etuk bribikan anyar lak yo tambah to.. - Start New Game (Golek Ganti)Iki rodo ekstrim jane.. eling ya, pengganti bukan berarti pelampiasan! soale ono lhoh seg mengartikan pengganti ki gur dadi pelampiasan -_- mesakne wah, anake wong loh kui. Nek kowe dinggo pelampiasan piye cobo perasaanmu?Nah walo ekstrim, iki termasuk cara sing ampuh loh. Kan wes jelas, pengen move on dengan golek ganti. Mergone nek wes etuk ganti, kowe bakale guampang move on, kan ono seg anyar. Opomeneh nek gantine kui luweh apik, cakep, luweh ker (care) ples cocok banget mbe kowe. Mesti kowe langsung move on. Tapi yo ono masalahe.. golek ganti kui ra segampang ngeling-eling de e haha..
Wes ya, kui carane cobo terapno. Mugomugo iso sukses. Nek raiso yo gari niatmu move on ora, nek ora yowes haha

0 comments:
Post a Comment