AKU KURANG TURU MBAK

Thursday, September 11, 2014

, ,

Carane Metu Seko Friendzone

Aku takok sek, luweh rapenak endi, kejebak offside, kejebak friendzone, opo kejebak nostalgia? haha. Tak jamin mesti 99 dari 100 wong sing moco tulisan iki mesti milih jawaban seg ke-2. Seksek, tapi wes dho ngerti kan opokui friendzone? Mudengmu friendster? Wah kuno koe -_-

Tak jelaske sisan wes. Friendzone kui posisi (ceileh posisi) dimana kowe lan mbribikan seg mbok taksir raiso daden (aka berpacaran) mergone bribikanmu wes BACUT nganggep kowe kui konco apik e TOK. Tak baleni, konco apik e TOK. Lha keadaan seg koyo ngono kui iso kedadean nek seg mbok taksir kui nyet konco cedakmu utowo kowe seg salah cara pedekate ne. Kui penjelasane. Jelas? Blaaaas.

Kowe kowe mesti wes tau krungu kata-kata ngene iki,”konco utowo sohib ki ojo didadekne yang, nek pedot raenak.” Nah mbuh pasti ra pasti, ungkapan kui biasane didadekne pedoman. Nggak enyaak -.-

Tak andani ya (mungkin kowe yo wes ngrasakne) nyeseeek, kasih sayang, tresno, rindu, wektu, kabeh wes mbok curahke nggo si bribikan. Kabeh jenis kode yo uwes mbok jajal nggo menyatakan, tapi yokui mau, dee wes BACUT nganggep sebagai konco sing apik (TOK).

Sing luweh nujes-nujes nek ati, pas si bribikanmu kui nduwe bribikan utowo pacar (luweh parah) lhaa kowee didadekne tempat curhate. Mbendino dadi hari raya patah hati. Dyaaaar. Luoru ndees.

Nah makane kui, nyoh tak kei sekotak tips seg iso mbok amalke ben kowe ki iso metu seko friendzone bahkan nek bejo, kowe iso dadian. Ciyeeee dadian ciyeeeee.

  1. Ilangno pikiran “rapopolah mbangane raono blass”
         Mas mbak, iki lho oyot masalahe. Dadi to, pas koncomu seg mbok taksir kui wes soyo nemplek karo kowe padahal dee kui tanpo ono rasa, kowe ora oleh kepenaken. Istilahe nek kowe gur nrimo, yo kowe bakale friendzone an terus.

    Yo emang dengan kowe dadi nggon curhat, kui ono enake. Kowe iso komunikasi mbe wonge, iso ngobati galaumu (sediluk tp).  Lha seg rapenak e kowe ngempet rasaning atimu sing koyo koyo pengen ngomong yen “aku ki tresno kowe” “iki lho aku, pilihen aku” (mah koyo lagune SO7 – Pilihlah Aku) halaaaah. Dadi intine, kowe yo kudu wani usaha luweh nyedaki dee, nggatekne dee. Ojo nyaman gur sebatas dadi konco curhat -_-

  2. Etok-Etok Ngadoh
    Gampangane, iki ki koyo ngenyang rego mbe mbokde-mbokde ning pasar kae hloh (wes tau kan? uwes kudune). Ngene jijalen lungo sek dilit seko de’e (dilit wae). Nek de’e ngroso kelangan, de’e lak nggoleki kowe. Hla nek misale de’e ra nyeluk kowe, opomeneh ra nggoleki kowe.. yawes kui wayahe golek mbokde-mbokde liyone. *hlooooh (maksudku kowe kudu move on).

  3. Luweh Perhatian Ples Nge’i Sinyal
         Nek pas konconan kowe gur iso nakok’i “udah maem belum?” nah nek pas kowe arep macari koncomu kui, pertanyaanmu kudu mbok tambahi: “udah maem belum? guweh nggak mau lo sakit.” Tsaaaah.

    Nek wes ngonokui, bribikanmu bakal ngroso nek de’e penting nggo kowe (nek ngrosooo lhoh ya). Intine kreatif o dalam nyelipne kode-kode di antara komunikasi mu ke de’e.


Iki ono beberapa jawaban seko konco-koncoku sok bijak “Piye sih carane metu soko friendzone?”

Retno: “Kudune seg terlibat dalam friendzone iki kudu dadi wong seg luweh wani. Wani bertindak, wani takok kedepane meh piye. Kudu luweh tegas, ojo ngalor ngidul nggur digantung. Ora bosen po mangan ati terus? Haha”
Ardita: “Nek pengen hubunganmu apik-apik wae, mending ojo mbok pacari deh. Merganeeee, ora ono gunaaaane (lhoh malah ngoplos). Soale to, mesti ngko dadi rodo piye-piyee ngono, canggung. Mending golek liyo. Tapi nek wes mentok, yo jijal omongne wae, seg penting podo-podo reti. Ben iso lego koyo bar pup ngonokae lho, kan wenaaaak :))”
Widya: “Mending kowe ngomong, kowe kudu tanggung jawab, kowe wes nggawe aku bacut tresno, sayang karo kowe :’)”

Wes kui mau beberapa tips e. Aku yakin mesti kowe pernah ngrasakne piye kui rasane friendzone, curhat o neng kene rapopo, berbagi rasa haha. Oke tak tunggu.

0 comments:

Post a Comment