AKU KURANG TURU MBAK

Monday, September 15, 2014

Mugo wae kui bener

Mungkin emang bener, kabeh iso teko gur mergo ‘kulino’. Kulino digatekne, diperhatikan, akhire tumbuh rasa sayang. Kulino digawe kecewa, ujung-ujunge timbul kebencian. Yo kui ngopo adewe kudu pinter milih-milih opowae seg patut dibiasakne lan seg ora patut dibiasakne neng uripe adewe. Opo sing oleh diharapke, opo seg kudu dilalekne-sadurunge kui dadi hal seg iso nglarani lan bahkan mungkin raiso dilalekne.

Dadine kelak adewe raperlu ngalami seg jenenge terlalu nyayangi utowo terlalu sengit (benci) mbe seseorang atau sesuatu. Karena apapun, entah kui manusia utowo benda, entah benci utowo tresno, kabeh rasa kui iso seketika disapu angin lan ilang kegowo wektu.

Mergo kudu berdiri sendiri ben dadi seg ngeling-eling sakabehe kui nggawe lara. Rasane koyo, ketok kemplu saben ngaca. Koyo ngangeni hal seg pernah ono, tapi gur iso dieling-eling dewean. Raono wong seg iso ditakoni, heee eling rak mbiyen adewe ngene iki, pas mbiyen adewe ngono, pas mbiyen adewe lungo rono, pas adewe akhire teko neng kene. Eling kah?

Nggo opo sesuatu seg iso dieling-eling, nek adewe gur iso ngeling-eling dewe?
Lungo dewean tanpo nemoni sak uwong pun? Opo seg iso dieling-eling? Mencintai seorang diri dan tidak menuju kemana pun? Apa yang bisa didapat?

***
Mergo saat adewe jatuh cinta, adewe bakale mengamini kalimat: If you remember me, then I don’t care if everyone else forgets.

Tapi piye nek misale, de’e tiba-tiba rapengen meneh eling kowe?

Piye nek misale, de’e tiba-tiba bertingkah koyo-koyo kowe rapernah ono neng uripe?

Opomeneh kowe pun, wes bacut dilalekne wong liyone seg pernah nyayangi kowe?

Mungkin emang bener, kabeh iso ilang gur mergo kulino. Kulino meneng, dadi saling nglalekne.

Mugo wae kui bener.

Mugo suatu saat bakale teko wayahe aku nglalekne kowe sepenuhnya.

0 comments:

Post a Comment